Wednesday, April 22, 2009

Ada yang masih inget sama tembang² Jawa waktu kita masih kecil??...
ini sekedar refreshing our memory...


SLUKU-SLUKU BATHOK
Sluku-sluku bathok bathoke ela-elo,
siromo menyang solo, oleh-olehe payung montho,
mak jenthit lo-lo lobah, wong mati ora obah,
yen obah medeni bocah...

CUBLAK-CUBLAK SUWENG
cublak cublak suweng.. suwenge ting gelenter..
mambu ketundung gudel pak empong lera-lere sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele gosong sir sir pong dhele gosong

PADANG MBULAN
Yo, pro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore

GOTRI LEGENDRI
Gotri legendri nogosari
Tiwul owal awul jadah mentul
Tolen olen olen jadah manten
Titenono sesok gedhe dadi opo

JAMURAN
Jamuran... jamuran... ya ge ge thok...
Jamur apa ya ge ge thok...
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?

KODOK NGOREK
Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblung teyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo

DHONDHONG OPO SALAK
dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
gendong apa mbecak mlaku thimik thimik
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar ora pareng rewel ora pareng nakal
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh kacang karo roti adhik diparingi

JARANAN
jaranan-jaranan... jarane jaran teji sing numpak ndara bei sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing prok prok gedebug jedher

LIR ILIR
Lir ilir, lir ilir, tandure wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo peneken kanggo mbasuh dodo tiro
dodo tiro kumitir bedah ing pinggir
Dondomana j'rumatana kanggo seba mengko sore
mumpung padang rembulane, mumpung jembar kalangane.
yo surako surak hiyo.

GUNDHUL-GUNDHUL PACUL
Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul,
petentengan wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar

MENTHOK-MENTHOK
Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu, angisin-isini
mbok yo ojo ngetok,ono kandhang wae
enak-enak ngorok, ora nyambut gawe
menthok, menthok ... mung lakukumu
megal megol gawe guyu